Friday, December 13, 2019

Bahasa Jawa

“KERNET  AMANAH”

Sawijining dino ana bocah loro umur 9 tahun sing arep lungo. Bocah-bocah iku jenenge Adi lan Peni, diterke si mbok e lagi nyegat bis ing terminal Nganjuk. Sakwise pirang-pirang menit ngenteni bis, akhire bis iku teko. Banjur bocah-bocah iku melbu karo nyangking tas, nanging si mbok e bocah iku ora melu. Si mbok e iku kandha karo kernet bis . “ Pak..kulo nyuwun tulung nggih, mengke nek sampun ndugi Surabaya, lare-lare niki dikandhani !”. kernet : “ inggih Bu, mengke kulo kandhani.” Si mbok : “ matursuwun, nggih pak...” Kernet : “ nggih, Bu...sami-sami “
Bis iku nglanjutake perjalanane. Sakwise bis nempuh perjalanan nganti pirang-pirang jam. Bis iku mandhek ing terminal Mojoagung . Adi takon marang kernet bis, “ sampun cedhak Suroboyo durung, Paklik?” kernet : “Durung Le... jek suwe perjalanane “.
Durung enek sakjam anggone Edi takon, la kok ganti Peni sing takon marang kernet. “ Sampun tekan Surabaya durung ta, Paklik .... ?” Kernet : “ Durung e Le..... jek uuuaduuoohh iki “ Peni : “ Oooo.. nggih pun, Paklik “ Kernet : “ iyo,,,Le...”
Edi lan Peni bosen amergo bis e ora ndang teko Surabaya. Akhire bocah loro iku keturon. Bis terus mlaku arah Pasuruan. Ora kroso bis wis ngliwati Surabaya . Kernet lali marang pesene si mbok e bocah loro iku. Bareng kelingan, kernet langsung ngomong nang sopir, “ Duuhh...Kang, aku duso nang bocah loro iku”. Karo nuding Edi lan Peni sing turu angkler. Sopir : “ Lhoo..emang e ana opo ta?” Kernet : “ Mbok e bocah loro iku nitipke nang aku, yen teko Surabaya bocahe tulung kandhanono.” “ Wah..wah.. lha piye sampean iku, kok iso nganti lali. Surabaya wis kliwat adoh, iki wae wis arepe teko Pasuruan jawabe sopir, bingung.
Sujune sopire apikan, gelem balik nang Surabaya. Sakwise njaluk persetujuan karo penumpang sing liyane, mergo ngesake karo Edi lan Peni. Sakwise bis tekan Surabaya, kernet nggugah bocah loro iku. Kernet : “ Le...tangi..Le..., Wis teko Surabaya iki”, karo nggoyang-nggoyang pundhak e bocah loro iku. Edi lan Peni , langsung tangi njenggirat. “ Sampun teko Surabaya ta, Paklik?”, takone Edi. Kernet : “ Iyo.... Le.”
Bocah loro iku karo grusa-grusu mbukak tas e, ngetokake bontotane yaiku sego sambel lan lawuhe iwak asin. Kernet takon, “ Arep mudhun kene ta, Le..?”. “ Mboten, Paklik... wong aku iki arep menyang Pasuruan. Mau simbokku pesen, bontotane mengko dipangan nek wis teko Surabaya wae ya, Le.....!”, jawab e karo muluk sego. Peni : “ Ngoten lo , Paklik”. Kernet : “ La terus, kowe iki arep menyang endhi.” Peni lan Edi jawab bareng. “ Pasuruan, Paklik.’’, karo telap-telep mangan bontotane.
Kernet, Sopir, lan kabeh penumpang muni bareng. “ wahhhhh....semprul tenan bocah iki ...... tiwase mbaallliik”. Edi takon marang kernet : “ emange iki, ana apa ta..Paklik ?” “ Ora Le....Ora ana apa-apa, kok .’’ jawabe kernet karo geleng-geleng. Salah siji penumpang kandha : “ mau bis e iki wis arep e teko Pasuruan Le..., trus bis e iki...mbalikk arah Surabaya maneh. Amerga Kernet e ngiro, yen kowe kui mudhune nang Surabaya.” Edi lan Peni : “ oalaahhhhh.....ngoten ta.”, karo mesem.

Baca Juga

Jagal Abilawa

Jagal Abilawa adalah nama samaran dari Raden Brotoseno / Bima, dia menyamarkan diri karena pada masa itu para Pandawa mendapat ujian karena ...