Thursday, May 2, 2019

Cerita Rakyat / Roro Jonggrang Bahasa Jawa

sebelum menuju ke cerita rakyat yang berjudul Roro Jonggrang ada baiknya untuk mengetahui tentang Roro Jonggrang, Roro Jonggrang merupakan sebuah patung atau arca yang ada di candi sewu Prambanan, Candi Sewu terletak di Dukuh Bener, Desa Bugisan, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Klaten. berdasarkan Prasasti Kelurak tahun 782 dan Prasasti Manjusrigrha tahun 792 nama dari Candi Sewu adalah "Prasada Vajrasana Manjusrigrha".oke langsung saja ke cerita rakyat kisah Roro Jonggrang dalam versi Bahasa Jawa.


Roro Jonggrang
Bahasa Jawa

di kisahne ndek jaman mbiyen enek kerajaan sing gedhe sing jenenge prambanan, rojone jenenge Prabu Baka, nang panggon liyo yo enek kerajaan gedhe jenenge Kerajaan Pengging, Kerajaan Pengging duwe Ksatrio sekti seng jenenge Bondowoso, duweni pusaka sekti jenenge Bandung, mulo kuwi di juluki nganggo jeneng Bandung Bondowoso, lan duweni prajurit rupo jin.

nang dino liyo Rojo Pengging nyeluk Bandung Bonsowoso, Rojo Pengging ngongkon Bandung Bondowoso nyerang Kerajaan Prambanan, dino sesoke Bandung Bondowoso nyeluk pasukane sing rupo jin kanggo nyerang nang Kerajaan Prambanan. amergo Bandung Bondowoso lan pasukane nyerang dumadakan nggae Prabu Baka kalangkabut amergo ora siap yen di serang. Prabu Baka akhire kalah lan mati amergo kenek Pusaka Bandung sing sekti.
menange Bandung lan pasukan jin sing di pimpine intok imbalan manggoni Kerajaan Prambanan, lan ngurus kabeh keluargane Pra Baka.
wektu Bandung Bondowoso manggon ning istana Kerajaan Prambanan, dheweke nyawang enek wong wadon ayu, wang wadon kasebut yaiku Putrine Prabu Baka. wektu nyawang Roro Jonggrong dheweke langsung jaruh hati, tanpo mikir dowo banjur Bandung Bondowoso nglamar Roro Jonggrang,
"Roro, sliramu gelem opo ora dadi permaisuriku??.. pitakone Bandung menyang Roro.
krungu pitakon teko Bandung Bondowoso kasebut Roro Jonggrang mung iso meneng amergo bingung, sakbenere Roro Jonggrang benci karo Bandung amergo sing mateni bapake Roro Jonggrang yaiku Bandung Bondowoso, nanging Roro Jonggrang yo rumongso wedi karo Bandung, akhire sakwise mikir Roro Jonggrang duwe coro supoyo Bandung Bondowoso ora sido ngrabi dheweke.
"nggeh gusti, kulo tampi lamaran panjenengan nanging kulo nyuwun penjaluk sing kudu panjenengan turuti!!!!! jawabe Roro Jonggrang.
"opo penjalukmu Roro?.. pitakon Bandung
"kulo nyuwun panjenengan damelaken sewu candi lan loro sumur tapi mung wektu sewengi sakdurunge srengenge metu gusti"!!! jawabe Roro.
Krungu penajuluke Roro, Bandung banjur setuju amergo dheweke rumongso iso lan gampang gawe candi ngono iku soale duwene pasukan rupo jin, akhire Bandung Bondowoso ngumpulne pasukane para jin, ora suwe para jin mulai bangun candi lan sumur.
Roro Jonggrang sing nyekseni mbangun candi mulai galau wedi lan resah ati, amergo wektu jam 2 bengi mung kurang telu candi, Roro Jonggrang mikir, golek coro supoyo Bandung Bondowoso gagal lek bangun candi.
akhire Roro nemu coro, Roro Jonggrang nggugah para dayange, di kongkon ngumpulne damen banjur di bakar supoyo langit katon abang koyok wayah isuk, lan banjur nutuki lesung sing di gae ndeplok pari, supoyo pitik pitik podo tangi ben koyok wayah wes isuk, akhire usahane kasel, para jin sing krungu suara pitik lan nyawang langit wes abang banjur para jin mandek lek nyambut gawe lan podo mlayu kabeh, nyawang jin sing podo mandek lek nyambut gawe lan podo mlayu Bandung Bondowoso ngamuk tapi Bandung ora iso opo-opo amergo wayah wes di kiro isuk karo amergo jin podo wedi lek srengenge metu.
Bandung Bondowoso Banjur nutukne dhewekan lek mbangun candi sing kari telu, nanging dino sial kanggo Bandung, wayah wes mulai isuk nanging lek bangun candi Bandung Bondowoso kurang siji, Bandung Bondowoso akhire gagal nuruti penjaluke Roro Jonggrang.
Roro Jonggrang banjur marani Bandung Bondowoso
"gusti panjenengan gagal nuruti kekarepanku" omongane Roro
krungu omongan ngonokuwi Bandung Bondowoso ngamuk terus ngomong karo sworo banter
"awakmu curang Roro Jonggrang, awakmu sing gagalne, mergo candi iki mung kurang siji awakmu sing tak gae genep ben dadi sewu"
akhire Bandung Bondowoso ngetokne pusokone gae ngutuk Roro Junggrong dadi Patung utawa reco di gae jangkep supoyo dadi sewu candi.

mekaten cerito Roro jonggran engkang damel Bohoso jawa mugi-mugi enten manfaate.
sekian dan terima kasih.

Baca Juga

Jagal Abilawa

Jagal Abilawa adalah nama samaran dari Raden Brotoseno / Bima, dia menyamarkan diri karena pada masa itu para Pandawa mendapat ujian karena ...