Tuesday, August 27, 2019

Lirik Lagu Rembulan

Judul : Rembulan
Cipt. : Ipa Hadi Sasono
Arsm : Sihhono Wisnu P


Lirik:
Rembulan ing wengi
Tansah anyekseni
Endah paras manis
Esem lan guyumu
Ginambar ing bathin
Tan biso nglalekke
Yekti..nimas
Ora ono liyane..

Tatapan netramu
Nembus ing atiku
Agawe aku mung
Mikirne sliramu
Cahyaning rembulan
Kalah klawan esemmu
Amung.. nimas...

Howoning njero bathin
Pengen tansah sesanding
Yo mung karo nimas
Atiku mung kanggo nimas..

Nadyan akeh pepalang
Ngalangi dalan katresnan
Iku pancen dalan supoyo
Tresno iki.. bakal kasembadan..

Baca Juga

Jagal Abilawa

Jagal Abilawa adalah nama samaran dari Raden Brotoseno / Bima, dia menyamarkan diri karena pada masa itu para Pandawa mendapat ujian karena ...