Thursday, September 17, 2020

Wayang Purwa dalam Bahasa Jawa


Ora mung lakone wayang kang isi pralambang. Wong kang nanggap wayani, dhalange, wayange lan kabeh ubarampene uga padha isi pralambang. Mangkene :
1. Wong kang nanggap wayang, pepindhane Hyang Maha-widdhi.
2. Dhalang = Trimurti.
3. Wayang = Para titah.
4. Kelir = angkasa (langit).
5. Debog = bantala (bumi).
6. Blencong = surya-candra lan lintang-lintang.
7. Gamelan = busananing urip, kabutuhaning manungsa (Sandhang-pangan, kasenengan lsp.)..

Tumrape manungsa :
1. Wong kang nanggap wayang' pepindhane Sang Hyang Atma (Jiwa manungsa)-
2. Dhalang : -cipta-esir, ya cipta esiring manungsa.
3. Wayang = napsuning manungsa kang pecah dadi panca {riya-'
4. Kelir = angen-angening manungsa.
5. Debog = raganing manungsa.
6. Blencong =- pitutur, (keketeging jantung kang dadi.tandhaning urip).
7. Gamelan = kabutuhaning uripe manungsa, kasenengan lsP-)

Wondene
1. Kothak (wadhah utawa papan pasimpenan wayang) = sangkan-paran (sangkane titah lan paraning titah sawisetinggal donya).
2. Gunungan utawa kayon = nggambarake urip. (Kayon saka tembung khayun = urip).
3. Cempala = nggambarake jantung.
4. Kepyak = lakuning getih

Lakon kang dicaritakake dening dhalang ana ing pagelaran wayang, emboh lakon apa bae, urut-urutaning carita ajeg padha bae, mangkene :

1. Jejer (pathet nenem) = nggambarake getering cipta.

2. Kadhatonan, Sang Prabu tetemon karo Sang Prameswari, nggambarake manunggale cipta karo rasa dadi karsa yaiku karsa nedya nganakake turun.

3. Paseban jaba, nggambarake lairing jabang-bayi-

4. Bodholan (budhaling wadyabala), nggambarake polahebayi.

5. Jejer Sabrangan, nggambarake bayi wis mundhak gedhe(dadi bocah) wiwit darbe pepenglnan.

6. Perang gagal (perange wadyabala kang kasebut ing angka 1 lumawan wadyabala ing angka 5) durung ana pepati, iku nggambarake bocah kang durung dewasa durung bisa meper pepenginane ngendhaleni kamurkane. Salebare perang gagal banjur ganti pathet songa.

7. Jejer pandhita dipurwakani gara-gara, bambang (satriya nonoman) ngadhep pandhita, nggambarake bocah wis gedhe, tinarbuka atine kapengin nggilut kawruh ngangsu ngelmu, kanggo sanguning urip ing sabanjure.

8. Adegan ing madyaning alas : danawa 3 (lan Togog, ter- kadhang karo Saraiti;. Alas iku perlambanging pepeteng (petenge ati, danawa 3 nggambarake watak angkara-murka kang njalari petenge ati Sang Bambang kepethuk danawa 3 iku, satemah dadi pancakara kang diarani perang kembang, wasanane dawana 3 iku mati kabeh. Iku nggambarake nonoman (pemudha) kang wiwit bisa ngedhaleni kamurkanane, amarga wis nggilut kawruh ngangsu ngelmu.
Salebare perang kembang banjur ganti pathet ma-nyura. Tembang ,,manyura" iku:-asale saka tembung, Jawa kuna ,mayuura, tegese : merak (araning manuk)' -Diarani pedhet-,,mayura"' (merak), jalaran pathet iku kanggone ing wayah ,,Perak'esuk"'

9. Adegan warna-warna iku nggambarake ngaurip ngalamilelakon maneka warna, kayata : bungah susah', mujur-kojur, bahagia-cilaka, asor-jaya lsp'
10. Perang brubuh mawa gendhing sampak, Ratu kang kasebut ing jejer sabrangan sawadyabalane teka ing nagarakang kasebut ing jejer kawitan (ing angka 1)' satemah dumadi perang amuk-amukan (perang brubuh)' Wasanane wadyabala saka sabrang saratune pisan sirna gempang tumpes-tapis. Manawa ratune iku malihane satriya utawa malihane putri, banjur badhar dadi rupanekang sajati. Kang mungkasi perang brubuh iku yen ing jamanePandawa mesti Bhima (werkudara) yen ing jamane Prabu Rama mesthi Hanuman' Bhima lan Hanuman iku sinebut Bayusuta, tegese : anak angin, maksude : angln cilik, yaiku : napas (ambekan)' Tandange Bhima utawa Hanuman sajrone perang brubuh nggambarake napas kang ngukut sakabehe pancadriya nalikane manungsa ngalami sekarat (sakaratilmaut)'

11. Kumpule para Ratu (sarta para rajaputra) kang kasebut ing jejer kawitan (ing angka 1) ngendikakake lega lan mareming panggalih dene wis bisa mbrastha rubeda'- satemah ing sabanjure bisa ngalami tentrem-ayem' Iku ngambarake manugsa tinggal donya kanthi tentrem- (Indonesia : meninggal dunia dengan tenang amarga wis kalis lng sawarnaning rubeda'

Andharan ing dhuwur iku salaras karo kang kasebut ing layang Wedapurwaka pupuh Dhandhanggulalan mijil

No comments:

Post a Comment

Baca Juga

Jagal Abilawa

Jagal Abilawa adalah nama samaran dari Raden Brotoseno / Bima, dia menyamarkan diri karena pada masa itu para Pandawa mendapat ujian karena ...